Cerita Pengalamanku (Bahasa Jawa)
Wisata
Ing Museum Fosil Sangiran
Oleh Muhammad Irsyad Hamid Nugroho
Ing dina sakwise bodo Idul
Fitri aku karo kaluwarga lunga ing desa. Sakwise tekan desa, aku karo kaluwarga
leren. Ing desa hawane seger, woh-wohane ijo royo-royo, pemandangane apik. Desa
iki jenenge Desa Tagung, Boyolali. Sakwise ing Desa Tagung aku karo kaluwarga
lunga ing Desa Malangan.
Sakwise dino
aku karo kaluwarga diajak menyang Museum Fosil Sangiran. Museum Fosil Sangiran
ana ing Kalijambe, Kabupaten Sragen, Jawa Tengah, Indonesia. Ing kana akeh
banget fosil-fosil Manungsa Purba. Ing kana pemandangane apik, latare resik.
Ing njero isine fosil kabeh. Ana fosil manungsa lan kewan. Museumme apik tenan.
Ing sebelah museum yo ana Kali Bengawan Solo. Aku seneng banget amarga biso
ngunjungi Museum iki. Ning kana yo akeh sing dodolan. Ana sing dodolan dolanan,
klambi, sapu, lan liyane.
Sakwise aku
ngunjungi Museum Fosil Sangiran aku balek ing griyane mbahku. Rak kuduga aku
wis seminggu ing desa. Dina iki aku karo kaluwarga balek menyang Semarang. Aku
seneng banget amarga ing desa seru lan nyenengake. Sak durunge aku balek aku
karo kaluwarga pamitan karo simbah.
Sakwise pamitan aku sakaluwarga
balek menyang Semarang. Sak jam setengah wektu sing tak tempuh. Saiki aku wis
ning Semarang. Aku seneng banget ing desa
Komentar
Posting Komentar